Sabtu, 22 Maret 2014

Geguritan Basa Jawa "IMPEN"

IMPEN
Dening : Muhammad Yusuf Sholihin

Iseh Esok...
Resik kaya kertas putih
Kanthi tresna dening Bapa Ibu
Pakerten tansah kagulang         
Lan terus diwulang
        Banyu sumilir
        Sithik lan sethithik kanthi tlaten
        Kita kudu golek pangerten lan kapinteran
        Cedak lan adoh tetep kalaksanan
        Kita kudu tetep bungah
Kita ora ana daya
Kang bisa sumingkir anging Gusti
Tansah tlaten, anglakoni, lan andedonga
Amarga impen kapisan
Gawe bungah atine Bapa Ibu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar